Selamat Berkarya!

IB

IBX5A91769239082
KB AL HIDAYAH DEMANGAN = MEMPERSIAPKAN ANAK KE JENJANG PENDIDIKAN YANG LEBIH TINGGI dipersembahkan oleh : Biotek Multi Karya "KAMI SIAP MELAYANI ANDA : FOTO KOPI, CETAK ULEM, DEPOSIT PULSA, PRINT, DEKORASI, RIAS PENGANTIN"

ADI CARA HALAL BI HALAL

Assalamualaikum Wr. Wb.
Alhamdullilah....alhamdullilahirobil alamin wa solatu wasalamu ala asrofil amyaii wa mursalim, wa alla alihi, wa sobii ajemaiin.

 Dumateng panjenenganipun Bp. H Mursidi Abdulfakih, ingkang tansah marsudi ing reh kautaman
 Dumateng panjenenganipun Bp Kepala Dusun Demangan ingkang pantes sinu darsono
 Soho dumateng poro tamu kakung miwah putri, kaumuslimin wal muslimat ingkang bahagyo mulya

Keparenga kula ingkang piniji kinen ngaturakjen reroncening aticoro Halal Bil Halal ing dalu punika, Langkung rumiyin Sumangga kula derekaken ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsanipung gusti Allah SWT, mugi aticoro ing dalu punika wiwit kawitan ngantos dumbugi pungkasan tansah pikantuk rohmatipun Allah SWT.

Poro tamu kakung miwah putri ingang pantes kinabekten.
Keparenga kula ngaturaken rantaman aticoro ingkang sampun rinancang, nuninggih ;
Sepisan Pambuka
2. Gema wahyu ilahi, ingkang badhe kawaosaken Sdr. Kistanto
3. Tanggap wacana, saking ketua panitia, ingkang bade kaaturaken Sdr. Makruf
4. Tauziah saking Adik Farhan
5. Ikhrar saha panampi Halal Bil Halal,
ingkang badhe katindakaken dining sederek Dwi Yanto. Bilih panampining ikhrar badhe kasalira panjenenganipun Bp. Kepala Dusun Demangan.
6. Tauziah, kalajengaken doa panutup, ingkang badhe kasalira panjenenganipun Bp. H Mursidi Abdulfakih
Minangka jangkeping halal bil halal, kalajengaken Ajawat asta (salam-salaman) warga dusun demangan.
Mekaten menggah rantaman aticoro Halal Bil Halal ing dalu punika. Nuwun

Poro tamu kakung miwah putri, ingkang bahagya mulya
Murih raharjaning sedya, saha murih pikantuk ramating gusti, sumangga sesarengan aticoro kawiwitan kanthi waosan BASMALLAH Sesarengan...

Aticara angka kalih inggih punika Gema wahyu ilahi, awit saking punika sederek Kistanto kula sumanggaaken.
3. Tanggap wacana, saking ketua panitia, ingkang bade kaaturaken Sdr. Makruf. Awit saking punika kula sumanggaaken.
4. Tauziah saking Adik Farhan. Awit saking punika kula sumanggaaken.
5. Ikhrar saha panampi halal bil halal,
ingkang badhe katindakaken dining sederek Dwi Yanto. Bilih panampining ikhrar badhe kasalira panjenenganipun Bp. Kepala Dusun Demangan, awit saking menika mugi wonten kapengipun Bp. Kepala Dusun hanampi ikrar kasebat. Pramila wekdal sakcekapipun kaula sumanggakaken.
6. Tauziah kalajengaken doa panutup, ingkang badhe kasalira panjenenganipun Bp. H Mursidi Abdulfakih
7. ajawat asta (salam-salaman) warga dusun demangan.
Mekaten menggah aticoro halal bil halal ing dalu punika sampun paripurna, hambok bilih wonten lepatipun atur kula nyuwub pagapunten.
Wss....

0 Comment for "ADI CARA HALAL BI HALAL"

Back To Top