Selamat Berkarya!

IB

IBX5A91769239082
KB AL HIDAYAH DEMANGAN = MEMPERSIAPKAN ANAK KE JENJANG PENDIDIKAN YANG LEBIH TINGGI dipersembahkan oleh : Biotek Multi Karya "KAMI SIAP MELAYANI ANDA : FOTO KOPI, CETAK ULEM, DEPOSIT PULSA, PRINT, DEKORASI, RIAS PENGANTIN"

Teks Pranatacara Tasyakuran Temanten

Bukan hal sulit untuk menjadi seorang MC atau Pranatacara di dalam acara pernikahan bagi kita yang sudah terbiasa menjalankannya. Namun, jika kita belum pernah menjadi seorang Pranatacara, tentunya menjadi hal "berat" ketika ditunjuk untuk menjadi MC, terlebih lagi menggunakan Bahasa Jawa yang baik dan benar. Seorang Pranatacara harus mampu menyusun dan menyajikan acara dengan baik. 
Melalui Dekorasi dan Rias Pengantin SAKINAH Demangan, Desa Pijiharjo, kami menyusun teks Pranatacara adicara syukuran temanten yang ditulis secara ringkas dan sederhana. Semoga teks adicara syukuran temanten ini bermanfaat.




Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdullilah....alhamdullilahirobil alamin wa solatu wasalamu ala asrofil amyaii wa mursalim, wa alla alihi, wa sobii ajemaiin.
Ashadualla ilahaillallah wa ashaduanamuhamadarosulullah, ....

Ø Kaulanuwun keparenga matur dumateng panjenenganipun para pepunden, para pinisepuh, poro sesepuh ingkang satuhu pantes kinabekten.
Ø poro tamu kakung miwah putri, ingkang pantes sinudarsono
Ø mligi katur Dumateng keluarga ageng panjenenganipun bopo .... Miwah poro pangombyong saking tlatah ....

Mugu Keparenga kula ingkang piniji kinen ngaturaken reroncening adicoro SILATURAHMI antawisipun keluarga ageng saking panjenenganipun bopo .... Saking .... Wonogiri kalian keluarga ageng panjenenganipun bopo .... ing padukuhan ....

Langkung rumiyin Sumangga kula derekaken ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsanipung gusti Allah SWT, mugi adicoro SILATURAHMI, purwo, madyo ngantos dumugi wasono tansah KALIS ING RUBBEDO, NERBOYO NIR ING SAMBIKALA pikantuk rohmatipun Allah SWT.

Poro tamu kakung miwah putri ingang pantes kinabekten.
Keparenga kula ngaturaken rantaman adicoro ingkang sampun rinancang soho rinonce DENING poro kulawongso, nuninggih ;
Sepisan Pambuka
2.     Pangandika pasrah panjenenganipun bopo ..... ingkang badhe kasariro panjenenganipun bopo .....
3.     Panampi PANGANDIKO pasrah ingkang badhe kasarira dening bopo .....
4.     Atur pambagyo ingkang badhe dipun sarirani bopo ....
5.     Tauziah, kalajengaken doa, ingkang badhe kasarira panjenenganipun bopo ....
Saksampunipun aditaca tauziah kalajengaken RAMAH TAMAH.

Mekaten menggah rantaman  adicoro Silaturahmi keluarga ageng saking panjenenganipun bopo ..... kalian keluarga ageng panjenenganipun bopo .... ing injang punika. Nuwun

Poro tamu kakung miwah putri, ingkang bahagya mulya
Murih raharjaning sedya, saha murih pikantuk ramating gusti, sumangga sesarengan adicoro kawiwitan kanthi waosan BASMALLAH Sesarengan...

Adicoro ingkang angka kalih nuninggih pangandika PASRAH saking bopo ....., awit saking menika, WEKDAL SAHA PAPAN ka sumanggaaken bopo ingkang piniji.
......
TATA TITI TATAS pangandika pasrah ssaking panjenenganipun BOPO ....lumantar bopo ...........   saklajengipun panampining pasrah kasumanggaaken Dumateng panjenenganipun bopo ..... WEKDAL SAHA PAPAN ka sumanggaaken.

Adicara serah tinampen sampun paripurna, kangge nyrantos tumapaking adicora salajengipun kasumanggaken dumateng kadang kaneman saha kangge mecah swasono kasumanggaaken dumateng juru PRANGREPTO pita sworo, nuwun.


.....................
Poro tamu kakung miwah putri
Keparenga kula nglajengaken adicoro saklajengipun, nuninggih atur pambagyo harjo saking keluarga, ingkang karasira panjenenganipun bopo ..... Awit sakeng menika WEKDAL SAHA PAPAN ka sumanggaaken.

Mekaten atur pambagyo harjo saking keluarga. Adicora saklajengipun inggih menika Tauziah, kalajengaken doa, ingkang badhe kasarira panjenenganipun bopo ....


... Para tamu kakung miwah putri ingkang bagya mulya.
Awit keparengipun keluarga, mugi wontena keparengipun para tamu kakung miwah putri NGRAHAPI atur pasugatan ingkang sampun KASAMEKTAAKEN wonten ing papan ingkang sampun SUMADYO. Ing wasana sugeng ngrahapi, maturnuwun.


.....
Para tamu kakung miwah putri ingkang SINUDDARSONO.
Pratondo PURNANING SILATURAHMI, hambokbilih temanten kekalih sampun jumeneng wonten SAKNGAJENGIPUN bale wisma ingkang perlu caos PAKORMATAN dumateng para tamu kakung miwah putri. Awit saking menika, keluarga keparengo NGANTHI temanten kekalih tumuju dumateng sakngajenging wisma.

Kula ingkang ngaturaken reroncening adicoro, katah khilaf saha lepatipun, kula nyuwun pangapunten. Sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.. Nuwun.. maturnuwun..

Wassalamu’alaikum wr’ wb.

0 Comment for "Teks Pranatacara Tasyakuran Temanten"

Back To Top